Want to create interactive content? It’s easy in Genially!
SESORAH (PIDATO BAHASA JAWA)
Nia Sari Nastitie
Created on March 22, 2022
Start designing with a free template
Discover more than 1500 professional designs like these:
View
Vaporwave presentation
View
Animated Sketch Presentation
View
Memories Presentation
View
Pechakucha Presentation
View
Decades Presentation
View
Color and Shapes Presentation
View
Historical Presentation
Transcript
materi
sesorah
Dening: Nia Sari Nastitie, S.Pd., M.A.
wiwit sinau
Jinis
Acara
Pangertosan
Bab Wigatos
sesorah
larangan
Cara Maos
Sangu
Urut-urutan
Pangertosan
SESORAH INGGIH MENIKA.....
andharan (pidato) ingkang dipunwaos utawi dipunandharaken dening salah satunggaling tiyang wonten ing ngajeng tiyang kathah ngginakaken Basa Jawi Krama.
jINIS SESORAH adhedhasar ancasipun
01
wursitawara ular-ular, wasita wara
yaiku sesorah ingkang ancas paring pitutur, ngandharaken bab kautaman lan kasaenan. Biasanipun katindakaken ing pawiwahan penganten.
02
Medhar sabda/ Medhar gagasan
yaiku sesorah ingkang sipatipun umum lan dipuntindakaken ing acara tartamtu. Tuladha: adicara pengetan ing sekolah utawa masyarakat
03
Atur pambagya/ pambagyaharja
yaiku sesorah kangge nampi rawuhipun tamu wonten ing acara menapa kemawon. Tuladha: atur pambagya wonten ing adicara studi banding
04
tanggap wacana
yaiku sesorah ingkang ancas lan isinipun nanggapi aturing pambagyaharja. Tuladha: atur tanggap wacana ing adicara pawiwahan
05
Atur panglipur
Sesorah ing sangajengipun tiyang ingkang nembe nampi musibah. Ancasipun supados ingkang mirengaken saged remen penggalihipun. (pendengar merasa tenang dan senang) Tuladha: atur pambela sungkawa wonten ing layatan
06
Atur pangajak
ancasipun supados ingkang mirengaken pitados (percaya), kapilut manahipun (tertarik) lan kanthi iklas nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken wonten ing sesorah. Tuladha: atur wonten ing kampanye, ing panyuluhan-panyuluhan
ADICAra
Adicara ing masarakat ingkang migunakaken sesorah
Pengetan 17 Agustus/Tirakatan
Pengajian, syawalan, lsp
Adicara dinten besar
Supitan, Pawiwahan, Mitoni
Kampanye, sosialisasi
Lelayu
bab wigatos ing sesorah
wicara
wirasa
wirama
wiraga
Busana
wicara
Basa kedah dipunpilih ingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising acara, sarta suwasana. Migunakaken tetembungan ingkang gampil dipunmangertos, boten dakik-dakik nanging tetep nuhoni paugeran, satemah mujudaken basa ingkang laras saha leres. Pangucapipun kedah cetha, saged mbedakaken antawisipun ta lan tha, da lan dha, sarta leres anggenipun ngucapaken a, i, u, è, ê, é, o.
wirasa
kedah saged nyurasa sarta mangertosi kanthi saestu punapa ingkang dipunngendikakaken utawi dipunandharaken nalika sesorah.
wirama
kedah saged ngatur wiramaning swanten, inggih puika lirih soranipun, alon cepetipun, andhap inggilipun, utawi intonasinipun swanten.
wiraga
kedah saged nyocogaken ebahipun sarira kaliyan punapa ingkang nembe dipunwedharaken. Nalika sesorah prayoginipun manteb, teteg, mirsani dhateng sedaya tamu, asta ngapurancang, nanging tetep luwes lan boten kaku.
Busana
Ageman ingkang dipunagem kedah jumbuh kaliyan swasana sarta acaranipun.
Urut-urutan
Urut-urutan sesorah
1. Salam Pambuka
2. Atur Pakurmatan
3. Atur Puji Syukur marang Gusti
4. Atur Panuwun marang para tamu
5. Surasa/isi
6. Pangarep-arep/harapan
7. Panutup
8. Salam Panutup
Tata urutan damel cengkorongan sesorah
Pambuka
Wonten ing pambuka ingkang kedah wonten inggih menika salam pambuka, salam pakurmatan, saha ngrembag menapa judul sesorah menika prelu karembag ing sekolah. Tuladha salam pambuka: - assalamualaikum, wr.wb. - nuwun, - sugeng enjing, sugeng siyang (kajumbuhaken wekdal nalika maos sesorah)
Tuladha salam pakurmatan
- ingkang minulya……… - ingkang kinurmatan…… - ingkang satuhu kinabekten…… - ingkang pinaringan karaharjan….. - ingkang kula tresnani…….. - lan sapanunggalanipun Salam pakurmatan menika katujokaken (ditujukan) kangge tiyang ingkang gadhah jabatan ingkang paling inggil rumiyin lajeng sangandhapipun.
Isining Sesorah
Wonten ing salebeting isi sesorah menika, tiyang ngrembag menapa ingkang badhe dipunandharaken dhateng tiyang sanes ingkang sampun kasameptakaken saderengipun.
Panutup
Wonten ing panutup isinipun simpulan utawi dudutan saking materi ingkang sampun kaandharaken. Sasampunipun dudutan inggih menika ngaturaken panuwun lan pangapura, lan dipunpungkasi kanthi salam panutup. tuladha salam panutup : - matur nuwun, - wassalamualaikum, wr. wb.
Cara maos sesorah
Sesorah kanthi cara maos naskah/teks
Sesorah kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun (seutuhnya). Sesorah kanthi cara menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuan sakawit (semula), boten klentu saha wekdalipun winates (terbatas).
Sesorah kanthi cara Apalan
Sesorah menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin lajeng dipunapalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau.
Sesorah kanthi cara dadakan/impromptu
Sesorah cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana saderengipun. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun cara sesorah dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan (ilmu).
Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara ekstemporan inggih menika tiyang ingkang sesorah ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangémut-émut(pengingat) urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken.
sangu maos sesorah
a. Magatra : anggone ngadi busana lan sarira trep, pantes, lan jangkep. b. Malaksana : runtut, luwes, gadhah wibawa, ora ingah-ingih c. Mawastha : anggone ngadeg jejeg, boten dhoyong d. Maraga : boten grogi, boten wedi, boten gumeter, mantep & anteng e. Malagawa : boten ngleler&kesesa, boten grusa-grusu, terampil&trengginas f. Matanggap : tanggap swasana (susah, seneng) g. Mawat : ngentasi karya, tanggung jawab
BABAGAN INGKANG KEDAH DIPUNSINGKIRI NALIKA SESORAH
- Polatan mbesengut - Gugup - Gumujeng(ngguyu) ingkang dipundamel-damel - Asring ningali cathetan - Ngobahaken tangan utawi sikil - Mlampah-mlampah - Ngadek kaku kados tiyang baris - Tangan methentheng/sedhakep - Tangan mlebet ing sak klambi utawi kathok - Ampun tumungkul/ndhingkluk Ampun ndangak
10
MAOs sesorah
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh. Ibu Kêpala Sêkolah ingkang satuhu sinudarsånå, Bapak Kêtua Komite Sêkolah ingkang minulyå, pårå Bapak såhå Ibu guru ingkang tansah kinurmatan, sumrambah pårå kåncå ingkang kulå tresnani. Månggå sami muji sokur dhumatêng Gusti, awit kulå dalah panjênêngan sadåyå sagêd pêpanggihan wontên ing adicårå purnå wiyåtå kanthi sehat botên wontên alangan setunggal punåpå. Matur nuwun kula aturakên dhumatêng bapak ibu sedaya ingkang sampun kêrsa nglodhangakên wêkdal sapêrlu rawuh ing adicara purna wiyåtå. Keparêng matur, kula jumênêng wontên ing ngajêng mriki minångkå wakil saking pårå siswå kêlas XII, ingkang badhé nilar pawiyatan mênikå.
Sapisan, kulå muji sokur dhumatêng Gusti Allah, awit saking barokah, hidayah, såhå inayah-ipun, kulå sakåncå sagêd lulus kanthi biji ingkang marêmakên. Temtu kémawon bab mênikå boten sagêd uwal saking pitutur, pitêdah såhå wulang-wuruk saking Bapak/Ibu Guru, ingkang sayêktos botên sagêd kulå timbang mawi têtêmbungan. Awit saking paringipun pitêdah tuwin ngèlmi, mugi-mugi dadoså amal ingkang katampi wontên Ngarså Dalêm Allah. Wondéné kulå ingkang nampi ngèlmi, mugi-mugi sagêd maslahat, mupangat ing donyå lan akhérat-ipun, aamiin. Kulå rumaos sadangunipun ngangsu kawruh ing sekolah punika kathah tindak-tanduk såhå solah-båwå ingkang murang tåtå såhå botên mranani ing penggalih, saèstu kulå sakåncå nyuwun lumunturing sih samodrå pangaksami.
Salajèngipun, wiwit dintên mênikå kulå sakåncå nyuwun dongå pangèstu, nyuwun pamit, mugi-mugi saged nglajèngaken sinau, såhå katampi wonten ing pawiyatan inggil utawi makaryå ing papan ingkang dados gegayuhan kulå sakåncå. Kulå sakåncå boten saged caos menåpå kémawon, kajawi kairing pandongå mugi-mugi pårå guru tansah winantu karahayon, panjang yuswanipun, såyå sae sekolahipun. Mugi-mugi adhik-adhik kelas mangké saged langkung sae tinimbang kulå sakåncå ingkang sampun lulus menikå. Kula kinten cekap semanten anggen kula matur, matur nuwun awit kawigatosanipun. Wusananing atur, manawi wonten kathah atur såhå solah-båwa ingkang kirang mranani, kulå nyuwun agunging pangaksami. Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Matur Nuwun