Want to create interactive content? It’s easy in Genially!
Struktur & Aspek Kebahasaan Teks Layang
adip3263
Created on January 17, 2021
Sinau struktur lan aspek kebahasaan ing teks layang kanggo kelas 8
Start designing with a free template
Discover more than 1500 professional designs like these:
View
Practical Video
View
Akihabara Video
View
Essential Video
View
Season's Greetings Video Mobile
View
End of the Year Wrap Up
View
Christmas Promotion Video
View
Santa’s Sleigh Christmas video
Transcript
#Sinau_Bareng_Pak_Pradana
STRUKTUR & ASPEK KEBAHASAAN
TEKS LAYANG
KOMPETENSI DASAR3.4 Memahami struktur teks, unsur kebahasaan dalam menulis berbagai jenis surat, iklan, dan reklame sesuai dengan konteks.
TUJUAN PEMBELAJARANSiswa dapat memahami struktur teks, unsur kebahasaan dalam menulis berbagai jenis surat, iklan, dan reklame sesuai dengan konteks.
STRUKTUR TEKS LAYANG
Layang kitir, layang paturan, ulem, lelayu, lan ganep.
Struktur teks layang iku wujude beda-beda cundhuk klawan jinising layang iku dhewe, mung wae umume saben layang iku dumadi saka: pambuka, isi, lan panutup, serta tujuan layang (layang katujukake marang sapa lan sapa sing kirim layang).
Buku Widya Basa Jawa kaca 109
01Layang Kitir
Titikane (Ciri-ciri) Layang Kitir:1. Irah-irahan mawa tengeran tembung kitir 2. Tujuan layang katur marang sapa 3. Isine cekak wae lan mung sacukupe 4. Papan lan titi mangsa layang katulis 5. Peprenah (jabatan) lan jenenge sing ngirimi layang uga katulis.
Tuladha Layang Kitir
02Layang Paturan
Titikane (Ciri-ciri) Layang Paturan:1. Tujuan layang katur marang sapa (sifate tinarbuka). 2. Isi gegayutan karo warta sing kudu dimengerteni wong akeh. 3. Sing ngirimi layang (sifate umum)
Tuladha Layang Paturan
03Layang Ulem
Titikane (Ciri-ciri) Layang Ulem:Lembar kapisan, isi: 1. Pambuka kanthi memuji marang Gusti Kang Murbeng Dumadhi 2. Isi asmane temanten loro (lanang wadon) sinartan asmaning wong tuwane sarta katrangan akad nikah (dina, tanggal, jam, lan ing ngendi panggonane). Lembar kapindho, isi: 1. Pambuka: wujud wacan Basmallah, salam, lan ucapan puji syukur 2. Isi: dina, tanggal, lan jam ulemane tamu undhangan sarta ing ngendi panggonane. 3. Pangajab: ucapan panyuwun donga pangestu. 4. Panutup: ucapan panuwun peparinge donga pangestu. 5. Asmane sing kagungan gawe mantu (winakili dening bapake temanten kekalih. 6. Asma julukan padinane temanten kekalih.
Tuladha Layang Ulem
04Layang Lelayu
Titikane (Ciri-ciri) Layang Lelayu:1. Irah-irahan: mawa tengeran tembung lelayu. 2. Pambuka: wujud tetembungan Innalillahi wa inna ilaihi roji'un. 3. Isi: ana jenenge paraga sing seda, ana katrangan kapan sedane, lan ing ngendi papanj pangubure. 4. Panutup; puji pandonga marang paraga sing beda. 5. Ana paraga sing ngirim layang/sing nandhang sungkawa.
Tuladha Layang Lelayu
05Layang Ganep
Titikane Layang Ganep
02Adangiyah/ Adawiyah
01Papan/Titi Mangsa
Yaiku pratelan kang nelakake pandonga, pamuji, pakurmatan, kanggo sing dikirimi layang.Tuladha: a) Ingkang sembah sungkem (adangiyah kanggo simbah. b) Ingkang sembah pangabekti ( adangiyah kanggo wong tuwa/guru). c) Ingkang taklim (adangiyah kanggo sapadha-padha. d) Salam taklim (adangiyah kanggo adhine/sing kaprenah luwih enom) e) Kang pandonga, pamuji slamet, puji rahayu, puji arja, winatu ing puja-puji (adangiyah kanggo anak utawa putu).
Yaiku perangan layang sing mratelakake ing ngendi lan kapan layang kasebut ditulis utawa digawe.Tuladha: a) Pasuruan, 27 Desember 2014 b) Malang. 2 Januari 2015
Titikane Layang Ganep
04Pambuka/ Purwaka Basa
03Satata basa
Yaiku perangan layang kang mratelakake kanggo sapa layang kasebut ditulis/ katujokake marang sapa.Tuladha: a) Katur Bapak saha Ibu ing dalem. b) Kanggo mitraku sing daktresnani
Yaiku purwakaning layang kang isi kabar keslametan lan puji syukur marang Gusti Allah.Tuladha: Sesarengan serat punika kula ngaturi uninga bilih ingkang putra tansah ginanjar wilujeng nir sambikala, tansah ing pangayomaning Gusti Ingkang Maha Wikan. Mugi-mugi Bapak saha Ibu ugi mekaten.
Titikane Layang Ganep
06Wasana Basa/ Panutup
05Surasa Basa/Isi Layang
Yaiku perangan layang kang nyebutake bab isi/ surasane layang utawa kepriye kekarepane layang mau.Tuladha: Kula badhe matur bilih asrta kos-kosan sampun titi wancinipun kedah dipunbayar. Ingkang kedah bapak ibu uninga, wiwit Januari 2015 sapunika regi kos-kosan mindhak. Pramila keng putra nyuwun enggal dipunkirimi arta ingkang radi kathah tinimbang wulan-wulan kepungkur.
Yaiku perangan layang kang dadi pungkasaning layang, awujud ukara kang surasane nyuwun pangapura, pangarep-arep, nyuwun walesan layang, lsp.Tuladha: Cekap semanten atur kula, mbokmenawi wonten atur kula ingkang kirang mranani penggalih panjengan, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Titikane Layang Ganep
08Tandha Tangan
07Peprenah
Yaiku perangan layang kang sing mratelakake prenahe/ sesambungan antarane sing kirim layang karo sing dikirimi layang.Tuladha: Kangmasmu, Adhime ing Paran, Ingkang Putra Tuhu Tresna, lsp.
Yaiku parab (tanda tangan) kang digawe dening sing nulis layang.
Titikane Layang Ganep
09Jeneng sing Kirim Layang
Yaiku perangan kang mratelakake sapa arane/ jenenge sing ngirim layang.
Cathetan ringkes
Bab-bab wigati sing kudu digatekake sajroning nulis layang ganep yaiku:1) Panulise jeneng kang dituju kudune ganpe (yen prelu katulis pangkat lan kalungguhane. 2) Panulise alamat/papan dununge sing arep dikirimi layang uga kudu cetha lan jangkep (prayogane ditulis kode pos-e) 3) Panulise titi mangsa (tanggal) kapacak ing dhuwur sisih tengen. 4) Sing kudune ora dilalekake yaiku adangiyah (pandonga, pamuji, lan pakurmatan ing bebukane layang). 5) Panulise paprenah lan tembung tandha pakurmatan kudu bener lan manut pranatan kang baku. 6) Dluwang/kertas, mangsi, amplope kudu dipilih (ora kena sembarangan).
Tuladha Layang Ganep
02Aspek Kebahasaan Teks Layang
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus
Ngoko Lugu (Wantah)
Basa ngoko lugu (wantah) yaiku basa kang tembung-tembunge dumadi saka tembung ngoko wantah lan ora kecampuran basa krama/krumat.Tuladha: a. Kowe apa wis mangan? b. Kowe mau bengi turu jam pira? Panganggone basa ngoko lugu: a. Bocah kang durung bisa gunepan ganep/ bocah kang durung ngerti unggah-ungguh. b. Wong guneman marang sapadha-padha sing wis kulina banget. c. Wong ngunandhika (nggrundel, nggremeng, guneman dhewe alon-alon). d. Wong tuwa marang wong kang kaprenah enom. e. Wong luhur (pemimpin) marang adhahane, lsp.
Ngoko Alus (Andhap)
Basa ngoko alus (andhap) yaiku basa ngoko wantah kang tembung-tembunge kecampuran tembung krama inggil.Tuladha: a. Panjenengan mau apa wis dhahar? b. Panjenengan mau bengi sare jam pira? Panganggone basa ngoko alus: a. Marang sapadha-padah kanggo pakurmatan. b. Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan. c. Adhik marang kangmas utawa mbakyune, lsp.
Krama Lugu (Madya)
Basa krama lugu yaiku basa tengahan utawa sedhengan. Manggone ing antarane krama lan ngoko. Basa iki ora kecampuran tembung krama inggil.Tuladha: a. Sampeyan wau punapa sampun nedha? b. Sampeyan wau dalu tilem jam pinten? Panganggone basa krama lugu: a. Marang sapadha-padha kanggo pakurmatan. b. Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan. c. Adhik marang kangmas utawa mbakyune.
Krama Alus (Inggil)
Basa krama alus yaiku basa krama lang kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman.Tuladha: a. Panjenengan wau punapa sampun dhahar? b. Panjenengan wau dalu sare jam pinten? Panganggone basa krama alus: a. Wong enom marang wong tuwa. b. Murid marang guru, klebu santri marang kyaine. c. Anak marang wong tuwane. d. Reh-rehan/andhahan marang dhuedhuwuran. e. Rewang/batur marang bendarane/ juragane
Matur Nuwun
Jagakesehatanyarek!